Piagam ASEAN

Piagam ASEAN iku anggaran dhasar tumrap Perhimpunan Bangsa-bangsa Asia Tenggara (ASEAN). Dhokumèn iki wis diadopsi sajeroning KTT ASEAN angka 13 ing Singapura, November 2007 lan wiwit lumaku tanggal 15 Dhésèmber 2008.

Sacara formal, rencana panyusunan draf dipratélakaké ing KTT ASEAN angka 11 sasi Dhésèmber 2005 ing Kuala Lumpur. Sabanjuré, sepuluh tokoh wigati ASEAN sakasaben nagara anggota (karan ASEAN Eminent Persons Group; Indonesia diwakili déning Ali Alatas) dipatah ngrumusaé naskah rekomendasi kanggo piagam iki. Sajeroning KTT ASEAN angka 12 ing Cebu, Filipina, Januari 2007, sawatara proposal dhasar dipaparaké marang publik. Sawetara iku, para pamimpin ASEAN sarujuk kanggo gawé "tim kerja tingkat tinggi kanggo ngrumusaké Piagam ASEAN" sing anggotané ana sepuluh utusan tingkat senior pamaréntah. Tim iki ketemu kaping 13 sajeroning taun 2007. Sajeroning prosès iki kawicaksanan "ora campur tangan" ("non-interference policy") sing dadi ciri khas ASEAN ora dadi pathokan wigati manèh lan diusulaké gawé badan urusan HAM.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne